Pandu Basa Jawa - Pada kesempatan kali ini admin akan membagikan materi ajar teks pawarta untuk kelas X kurikulum merdeka. Modul ajar teks pawarta bisa teman-teman download melalui link yang tertera pada akhir postingan ini. Berikut ini adalah ringkasan materi teks pawarta untuk kelas X.
Pangertene Teks Pawarta
Pawarta asale saka tembung "warta" sing nduweni teges "kabar". Pawarta yaiku informasi ngenani salah sijine prastawa utawa kedadeyan kang lagi dumadi. Pawarta biasane menehi kabar sing anyar utawa kedadeyan kang lagi dumadi ing
salah sawijine panggonan. Pawarta bisa dicawisake lumantar pirang-pirang mediya, kaya dene mediya cethak, elektronik,
utawa informasi saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Ing sajrone pawarta biasane ngemot informasi kang wigati. Informasi kang
wigati kui biasane sering diarani pokok informasi. Wujude informasi bisa saka tuturan
langsung utawa nyritakake sawijining kedadeyan kang dilakoni
dening wong liya utawa asil saka nyemak lumantar giyaran mediya cethak lan elektronik.
Struktur Teks Pawarta
A. Orientasi
Orientasi utawa pambuka teks pawarta mapan ana ing wiwitane paragraf kang nduweni kagunan minangka pambuka saka prastawa kang lagi diwartakake.
B. Prastawa
Yaiku babagan proses kedadeyan saka wiwitan tekan pungkasan adhedhasar prastawa kang dumadi kanthi detail lan jangkep jumbuh karo urutane wektu utawa kronologi.
C. Sumber Pawarta
Yaiku saka ngendi asale pawarta kasebut. Sumber pawarta ora mesti ditulis ana ing pungkasan wartane.
Unsur-unsur Teks Pawarta
Teks pawarta kang becik kudu nduweni unsur 5W + 1H.
A. What
(apa)
Yaiku bab kang njlentrehake babagan apa kang ana ing njerone pawarta lan pratelan
kang bisa mangsuli pitakon apa.
B. Where
(ing ngendi)
Yaiku dheskripsi jangkep ngenani papan kedadeyane salah sijine prastawa
ing pawarta kasebut.
Yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku
dumadi. Unsur iki menehi informasi babagan wayah, jam, lan kahanan.
Yaiku nudhuhake alesan utawa latar belakang dumadine
prastawa ing sajrone pawarta.
Yaiku sapa utawa paraga kang ana gegayutane ing prastawa mau kuwi.
F. How
(kepriye)
Yaiku proses kedadeyan prastawa lan akibat kang dituwuhake. Bisa
uga nuduhake kepriye swasana ana ing prastawa mau.
Perangane Teks Pawarta
A. Headline (judhul/irah-irahan)
Irah-irahan ing pawarta gunane kanggo: (1) nggampangake para pamaca kanggo mangerteni pawarta sing bakal diwaca, (2) nuduhake menawa pawarta kang diwaca dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.
B. Deadline (batas wektu)
Nuduhake papan utawa panggonan kedadeyan lan jeneng mediya massa. Mula perangan iki biasane nyebut jeneng mediya massa, papan, lan tanggal kedadeyan.
C. Lead (teras pawarta)
Ditulis ing wiwitan pawarta utawa ing paragraf sepisanan. Bab iku ditulis amarga minangka dadi perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta iku, lan nggambarake sakabehe isine pawarta.
D. Body Language (surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane yaiku nyritakake prastawa kang diwarakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange saka pawarta.
Teknik Nulis Teks Pawarta
A. Pengorganisasian yaiku nglumpukake fakta lan data pawarta. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data kang wis tinulis.
B. Nemtokake teras berita (lead). Teras pawarta yaiku perangane pawarta sing dadi saripatine pawarta lan nggambarake sekabehane isi pawarta.
C. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut ora molak-malik utawa dilompati supaya ora gawe bingung sing maca.
Download Materi Ajar Teks Pawarta Kelas X Kurikulum Merdeka PPT
Itulah tadi sedikit informasi mengenai materi ajar teks pawarta untuk kelas X kurikulum merdeka. Semoga bisa bermanfaat bagi teman-teman semua. Terima Kasih.
EmoticonEmoticon