Rabu, 25 Oktober 2023

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Berjudul Bethet Karya Dawam

Contoh Teks Cerkak (Cerita Cekak) Bahasa Jawa Berjudul "Bethet" Karya DawamAssalamualaikum Wr Wb. Berjumpa kembali dengan blog Pandu Basa Jawa. Pada kesempatan ini admin akan membagikan salah satu contoh cerita cekak (cerkak) bahasa Jawa yang berjudul "Bethet" karya Dawam.
Cerkak atau cerita cekak merupakan salah satu karya sastra berwujud prosa yang berisi urutan kejadian atau suatu peristiwa. Di dalam peristiwa tersebut, ada tokoh yang mengalami suatu konflik atau permasalahan. Cerkak juga dapat berisi urutan kejadian atau peristiwa yang nyata maupun fiktif. Umumnya cerkak hanya memiliki isi kurang dari 1000 kata atau tidak lebih dari 10 halaman, maka dalam cerita cekak dibuat dengan cara singkat dan sederhana.

Berikut ini adalah contoh cerkak bahasa Jawa yang berjudul "Bethet" Karya Dawam.

BETHET
Karya: Dawam

KAYA adat saben, wayah jam 09.00 bojoku wis mulih sakapasar. Ora mung blanja kanggo butuhe pawone dhewe, ning kang-go wong akeh. Dheweke iku rak bakul. Dodol sawernane keperluwan masak. Ya sayur, bumbune, krupuk, kadhangkala tela, gedhang lan liyane.

Ora numpak motor, apa maneh mobil. Aku wong cilik ongkak-angkik. Ra kira bisa nukokake kendharaan nggo mubengbojoku. Bisane mung sepedha pancal, utawa aku luwih senengngarani Yamancal aliyas Yamaha pancal..

“Mbak Yeni mau rene, Kang?” pitakone bojoku karo nyapu jogan njero omah. Jogan plesteran biyasa, dudu porselin apamaneh marmer kinclong.

“Ora. Mung neng lurung kana. Nyangapa?” Aku ganti takon.Taksawang praupane wadon duwe anak lanang siji, bara kerjaneng Labuhan Bajo Nusa Tenggara Timur mau mbrabak abang.

“Wong lanang kok le ra ngerti butuh !”

Aku meneng. Bingung. Tak pikir, bojoku mau ngomong menyang wong liya. Pase ngrasani tangga cedhak sing pancen nglin-thuhe ora umum.

“Sapa sing mbok maksud Ti?” pitakonku marang bojoku, Siti.

“Sampeyan kuwi!”Luwih sengol maneh.

“Lho?!”

"Saiki wis ra sah dodol elpiji wae. Elpiji limang tabung wae didhasarake ora entek sesasi. Tibake lawange kios ditutup terus. Yen aku neng pasar sampeyan ra gelem ngladeni wong sing tuku. Wong lanang kok ra bisa kerja sama. Njenggeleg thok !"

Aku pantes nesu tenan yen ngene iki. Kebacut. Kamangka wiwit sadurunge subuh aku wis tangi. Sing nggugah dheweke supaya ora kerinan nyang pasar uga aku. Sing nyumet kompor uga aku. Sing umbah-umbah aku. Adzan subuh neng masjid lan reresik larahan tipak jajane bocah-bocah sing ngaji mau bengi ya aku.

Ora mung ngono wae. Isah-isah piring reget, nyapu pawon lan nyapu njero ngomah uga aku. Tur ora mung pisan pindho. Meh saben dina. Kabeh mau taknyangi amarga aku mesakake bojoku yen kabotan penggaweyan. Ben aku diarani wong lanang cupar. Sing penting bisa urip tentrem. Antarane siji lan sijine bisa asung pambiyantu. Padha nggenepi kekurangane.

"Ti! Yen omong rada direm sithik bisa apa ora ya?" Wuwusku kanthi ambegan pedhot-pedhot. Pratandha yen nesuku wiwit nggremet munggah pucuke rambut.

"Ora perlu direm, Kang! Sampeyan sing ora nggenah.Yen kaya ngene terus, aku ora bisa mbayar jariyah nggo masjid, ora bisa aweh pangan nyang sampeyan lan Simbok!".

"Apa kowe ora tau dikaplog wong lanang, Ti?" Iki mung gembrenggeng neng batin. Aku ora mentala ngucap. Yen sida diucapake banjur diamini syetan, wah, cilaka tenan. Ora ana untunge blas. Malah syetan-syetan dha girang gumuyu. Sebabe si syetan bakal entuk tambahan bala mlebu neraka jahanam!

Ora karep ngudhal wadine wong wadon, tapi sejatine bojoku iki pancen crewete ora jamak. Wingi kae, nalika dheweke nggawa dhuwite ponakan saka Kendhit sing dhuwit mau olehe "dadi kere" neng Malaysia, dhuwit mau jarene nggo bisnis online. Nyatane mung apus-apus. Wusanane dhuwit amblas digondhol dhemit, aku dierih-erih supaya gelem mbantu ngijoli. Saking olehku mesakake marang wong wadon, aku njur utang koperasi. Cacahe pitung yuta, mbalekake rong taun candhake kanthi angsuran limangatus ewu saben wulan.

"Kang, sampeyan golek sendhalan dhuwit. Yen ora bisa mbalekake, aku bakal "dibeleh" ponaanku," pangrimuke bojoku wektu sadurunge dhuwit utangan kecekel tangan.

"Dhuwite sapa maneh, Ti?" Takonku, ngimbangi panjaluke sing takrasakake abot banget..

"Terserah sampeyan. Aku trima ora diblanja pirang-pirang taun tinimbang dipulasara Sarjiman, anak lanange Kang Darman kuwi."

"Tenan?"

"Ya, Kang.”

Najan aku wong klethug, aku isih nggarap sawah warisane wong tuwa. Ora aneh yen nggo mangan salumrahe wae asil tetanenku cukup. Pokok ora nggo main, medok lan ngrokok ora-orane yen bakal keluwen.

Merga pinterku ngrimuk, wusana pengurus koperasi "Subur Makmur" gelem menehi utangan. Aku iki rak anggotane uga. Saben sasi kudu nabung, paling ora satus ewu repis. Modhal awal biyen aku cucul rong yuta, nggonku adol gabah saka asil wulu wetune tetanenku. Isih kurang, dhele saka asile lemah tukone maratuwa takdol pisan. Jare wong winasis neng kantor desa nalika aweh penyuluhan kae, koprasi iku saka gurune ekonomi. Mula kudu disengkuyung. Ora aneh yen aku cawe-cawe melu nggedhekake saka guru mau kareben olehe nyangga payone omah ora ambruk.

Sajroning isih duwe tanggungan utang, kathik ketambahan ngopeni anak sing kemragad. Yen mung njagakake asile tetanen pancen ya krasa abot. Tundhone, .bojoku melu nambah butuh kanthi dodolan neng pasar. Iku karepe dhewe. Aku ora ngongkon. Jujur wae, saka asile bebakulan mau pancen bisa nggo nyumpeti bolongane butuh sing saya amba. Nanging yen terus diundamana, sajak mung bojoku sing paling berjasa. Adhuh…. mana tahan!

Aku kudu kepriye maneh?!

Ya, wis ben. Nesuku takempete wae. Wong jejodhowan kuwi wis samesthine nyadhari kekurangan lan keluwihane pasangane. Yen ora ngono, wow... ilang tenan katentremane bale wisma! Mula nalika bojoku nyecret kaya unine bethet, aku mung meneng wae. Dijarake wae rak meneng dhewe!

***

Kapustakan:
Budiman, Narko Sodrun. 2013. Pupur Panglipur; Cerkake Warga Sanggar Sastra Triwida Tulungagung. Yogyakarta: Azzagrafika

Oke itulah tadi salah satu contoh teks cerita cekak bahasa Jawa dengan judul "Bethet" Karya Dawam. Terima kasih sudah berkunjung di blog ini semoga informasi yang diberikan bisa bermanfaat

Artikel Terkait


EmoticonEmoticon