Kamis, 26 Oktober 2023
Download Materi PPT Aksara Jawa Kelas X Kurikulum Merdeka
Rabu, 25 Oktober 2023
Contoh Cerkak Bahasa Jawa Berjudul Bethet Karya Dawam
Kapustakan:
Budiman, Narko Sodrun. 2013. Pupur Panglipur; Cerkake Warga Sanggar Sastra Triwida Tulungagung. Yogyakarta: Azzagrafika
Download Materi Ajar Bahasa Jawa Teks Geguritan Kelas X
Download Materi Ajar Bahasa Jawa Teks Geguritan Kelas X - Assalamualaikum wr wb. Berjumpa kembali dengan saya. Pada kesempatan yang apik ini saya akan membagikan materi ajar teks geguritan mata pelajaran muatan lokal bahasa Jawa untuk kelas X. Materi ajar merupakan komponen penting yang menjadi sumber materi yang akan digunakan oleh guru dalam melaksanakan proses kegiatan belajar mengajar. Tanpa materi ajar, proses pembelajaran yang berlangsung akan terkendala karena guru akan kesulitan dalam mencapai tujuan pembelajaran.
Geguritan memiliki tujuan untuk menyampaikan pesan baik secara tersurat dan tersirat kepada para pembacanya. Geguritan memiliki sifat yang multitafsir, maka setiap orang yang membacanya bisa saja berbeda pendapat terhadap isi dari geguritan yang telah dibaca.
Download Materi PPT Teks Geguritan untuk Kelas XJumat, 20 Oktober 2023
Download Materi Ajar Cerita Cekak (Cerkak) Bahasa Jawa Kelas XI Kurikulum Merdeka
A. Pangertene Cerita Cekak
Cerita
cekak (cerkak) yaiku salah sawijine karya sastra kang awujud prosa. Ceritane
dumadi saka urutan kedadeyan utawa prastawa. Sajrone kedadeyan mau, ana paraga
utawa tokoh kang nglakoni konflik utawa cecongkrahan. Semana uga, cerita cekak
dumadi saka urutan kedadeyan kang nyata utawa fiktif. Sing mbedakake cerita
cekak karo cerita liyane, menawa cerkak iku diceritakake sepisan rampung lan
bisa nuduhake pungkasane cerita. Umume cerita cekak nduweni isi kurang saka
1000 tembung, kira-kira dawane bisa 3 halaman nganti 10 halaman. Mula ing
padatan, cerita cekak mung ditulis kanthi cekak lan prasaja.
B. Unsur-unsur Cerita cekak
Ing
sajrone cerita cekak ana unsur kang diarani unsur intrinsik. Unsur-unsur kuwi
arupa tema, penokohan, alur, latar, sudut pandang, gaya bahasa, lan amanat.
1.
Tema
Tema yaiku ide
pokok utawa wosing cerita kang ndhasari lakune sawijining cerita.
2.
Penokohan/Wewatekan:
Yaiku gambaran
karakter paraga (tokoh) ana ing sajrone cerita. Gambaran paraga kuwi bisa
dingerteni kanthi tersirat utawa tersurat.
3.
Alur/Plot:
Alur yaiku lakune
utawa rerangkening kedadeyan kang ana ing sajrone cerita. Alur diperang dadi 2,
yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (flasback).
4.
Latar/Setting
Setting iku
minangka unsur kang ngemot informasi kang ana kaitane karo wektu, papan
panggonan, lan kahanan sing ana sajrone cerita cekak.
5.
Sudut pandang/Point
of View
Ana ing sajrone
cerita cekak, sudut pandang utawa kang biasa diarani punjering cerita diperang
dadi telu yaiku:
§ Sudut pandang pangripta (penulis/pengarang).
Yaiku sudut
pandang kang nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong
kapisan (kata ganti orang pertama).
§ Sudut pandang paraga
bawahan.
Yaiku sudut
pandang kang akeh ngamati saka saknjabane cerita tinimbang sajrone cerita.
Pangriptanbiasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).
§ Sudut pandang impersonal.
Yaiku sudut
pandang kang pangrakite mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke
nyawang para paraga nganti tekan sajrone pikiran lan atine. Mula pengarang ing
kene bisa nyritakake rahasia batin paragane.
6.
Gaya bahasa
Gaya bahasa yaiku
basa kang digunakake dening pangripta utawa penulis ana ing sajrone cerita
cerkak kanggo medharake pokok pikiran lan atine.
7.
Amanat
Yaiku piwulang
luhur kang diwenehake dening pangriptane ing sajrone cerita cekak marang
pamacane.
C. Nulis Cerkak
Sakdurunge nulis cerita cekak ana cak-cakan sing kudu
digatekake, yaiku:
1.
Milih tema
2.
Nemtokake tokoh
utawa paraga lan watake
3.
Nemtokake jinise
alur cerita cekak
4.
Nemtokake
latar/setting
5.
Nemtokake sudut
pandang utawa punjering cerita
6.
Milih
tembung-tembung kang gayut karo cerita lan kepenak dimangerteni.
D. Kapustakan
1.
Widaryatmo,
Gandung. 2013. Prigel Basa Jawa. Jakarta:
Penerbit Erlangga.
2.
Wardoyo, Sigit
Mangun, Ikke Kusumawati, Pujianto, dan Solkhan. 2022. Gayeng Basa Jawa. Sukoharjo: CV. Media Karya Putra.
E. Download Materi Ajar Cerita Cekak (Cerkak)
Kamis, 19 Oktober 2023
Download Materi Ajar Teks Pawarta SMA Kelas X Kurikulum Merdeka
Pandu Basa Jawa - Pada kesempatan kali ini admin akan membagikan materi ajar teks pawarta untuk kelas X kurikulum merdeka. Modul ajar teks pawarta bisa teman-teman download melalui link yang tertera pada akhir postingan ini. Berikut ini adalah ringkasan materi teks pawarta untuk kelas X.
Pangertene Teks Pawarta
Ing sajrone pawarta biasane ngemot informasi kang wigati. Informasi kang wigati kui biasane sering diarani pokok informasi. Wujude informasi bisa saka tuturan langsung utawa nyritakake sawijining kedadeyan kang dilakoni dening wong liya utawa asil saka nyemak lumantar giyaran mediya cethak lan elektronik.




