Jumat, 20 Oktober 2023

Download Materi Ajar Cerita Cekak (Cerkak) Bahasa Jawa Kelas XI Kurikulum Merdeka

Pandu Basa Jawa - Assalamualaikum Wr Wb. Berjumpa kembali dengan Pandu Basa Jawa. Pada kesempatan yang indah ini saya akan membagikan informasi mengenai materi cerita cekak (cerkak) bahasa Jawa kelas XI Kurikulum Merdeka.
Materi Ajar Cerita Cekak (Cerkak) Kelas XI
Materi ajar yang akan kita bahas kali ini mulai dari pengertian cerkak, unsur-unsur intrinsik cerkak, dan cara menulis teks cerkak. Berikut ini adalah ringkasan materi ajar cerkak bahasa Jawa untuk kelas XI kurikulum merdeka.

A. Pangertene Cerita Cekak

Cerita cekak (cerkak) yaiku salah sawijine karya sastra kang awujud prosa. Ceritane dumadi saka urutan kedadeyan utawa prastawa. Sajrone kedadeyan mau, ana paraga utawa tokoh kang nglakoni konflik utawa cecongkrahan. Semana uga, cerita cekak dumadi saka urutan kedadeyan kang nyata utawa fiktif. Sing mbedakake cerita cekak karo cerita liyane, menawa cerkak iku diceritakake sepisan rampung lan bisa nuduhake pungkasane cerita. Umume cerita cekak nduweni isi kurang saka 1000 tembung, kira-kira dawane bisa 3 halaman nganti 10 halaman. Mula ing padatan, cerita cekak mung ditulis kanthi cekak lan prasaja.

B. Unsur-unsur Cerita cekak

Ing sajrone cerita cekak ana unsur kang diarani unsur intrinsik. Unsur-unsur kuwi arupa tema, penokohan, alur, latar, sudut pandang, gaya bahasa, lan amanat.

1.      Tema

Tema yaiku ide pokok utawa wosing cerita kang ndhasari lakune sawijining cerita.

2.      Penokohan/Wewatekan:

Yaiku gambaran karakter paraga (tokoh) ana ing sajrone cerita. Gambaran paraga kuwi bisa dingerteni kanthi tersirat utawa tersurat.

3.      Alur/Plot:

Alur yaiku lakune utawa rerangkening kedadeyan kang ana ing sajrone cerita. Alur diperang dadi 2, yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (flasback).

4.      Latar/Setting

Setting iku minangka unsur kang ngemot informasi kang ana kaitane karo wektu, papan panggonan, lan kahanan sing ana sajrone cerita cekak.

5.      Sudut pandang/Point of View

Ana ing sajrone cerita cekak, sudut pandang utawa kang biasa diarani punjering cerita diperang dadi telu yaiku:

§  Sudut pandang pangripta (penulis/pengarang).

Yaiku sudut pandang kang nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama).

§  Sudut pandang paraga bawahan.

Yaiku sudut pandang kang akeh ngamati saka saknjabane cerita tinimbang sajrone cerita. Pangriptanbiasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).

§  Sudut pandang impersonal.

Yaiku sudut pandang kang pangrakite mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang para paraga nganti tekan sajrone pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake rahasia batin paragane.

6.      Gaya bahasa

Gaya bahasa yaiku basa kang digunakake dening pangripta utawa penulis ana ing sajrone cerita cerkak kanggo medharake pokok pikiran lan atine.

7.      Amanat

Yaiku piwulang luhur kang diwenehake dening pangriptane ing sajrone cerita cekak marang pamacane.

C. Nulis Cerkak

Sakdurunge nulis cerita cekak ana cak-cakan sing kudu digatekake, yaiku:

1.      Milih tema

2.      Nemtokake tokoh utawa paraga lan watake

3.      Nemtokake jinise alur cerita cekak

4.      Nemtokake latar/setting

5.      Nemtokake sudut pandang utawa punjering cerita

6.      Milih tembung-tembung kang gayut karo cerita lan kepenak dimangerteni.

D. Kapustakan

1.      Widaryatmo, Gandung. 2013. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Penerbit Erlangga.

2.      Wardoyo, Sigit Mangun, Ikke Kusumawati, Pujianto, dan Solkhan. 2022. Gayeng Basa Jawa. Sukoharjo: CV. Media Karya Putra.

E. Download Materi Ajar Cerita Cekak (Cerkak)

Oke itulah tadi informasi mengenai download materi ajar cerkak kelas XI kurikulum merdeka. Semoga bisa bermanfaat. Terima kasih dan sampai jumpa lagi dilain waktu.

Artikel Terkait


EmoticonEmoticon